Jumat, 10 Februari 2023

MATERI 1 : TEKS TANGGAPAN DESKRISI

 

TEKS TANGGAPAN DESKRIPSI

 


๐Ÿ’™Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci.

๐Ÿ’™Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kayakaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise.

๐Ÿ’™Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca.

          ๐Ÿ’™ Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif:

1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya

2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne

3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.

         ๐Ÿ’™  Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif

a.     Idhentifikasi

yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

b.     Klasifikasi/dhefinisi

yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke

c.     Dheskripsi bagean

yaiku perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.

๐Ÿ’™Unsur Basa Teks Tanggapan Dheskriptif

a.     Swara Jejeg lan Swara Miring

Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durung owah saka asale. Swara /a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung mata, wana, rasa, lan liya-liyane. Swara /a/ miring iku manawa lafale padha karo tembung wani, garu, sate, wedang, nanas, lan sapanunggalane.

Swara /i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/ kaya ing tembung bali, sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib, lan sapanunggalane.



b.     Unggah-Ungguh Basa

Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku:

1. Basa Ngoko Lugu

Basa ngoko lugu yaiku ukara sing dumadi saka susunan tembung ngoko

kabeh.

Tuladha:

a) Para wisatawan seneng lunga menyang gunung Bromo.

b) Aku numpak sepedhah.

c) Winarno ngombe wedang jahe.

d) Kancaku wis teka kabeh.

e) Bocah-bocah padha mangan rujak legi.

Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane

raket banget, kayata:

a) Pacelathon ing antarane sapepadhane.

b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor.

c) Pacelathon wong tuwa marang bocah.

2. Basa Ngoko Alus utawa Andhap

Basa ngoko alus yaiku basa sing migunakake tembung-tembung ngoko

kacampuran tembung krama inggil. Tembung-tembung sing kudu

nggunakake krama inggil yaiku tembung-tembung kang ana sambungrapete karo wong sing dikurmati utawa diajeni.

Tuladha:

a) Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar.

b) Bapak tindak menyang Malang nitih sepur.

c) Pak Lurah ora sida rawuh ing kampungku.

d) Bu Dartik mundhut gula rong kilo.

e) Dhek wingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat.

Panganggone basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku:

a) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

b) Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket.

c) Ngajeni wong sing digunem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SOAL ONLINE

Sawise sinau materi babagan Teks Asil Observasi. Coba garapen soal ing ngishor iki supaya bisa ngukur kaprigelan lan wawasan ngenani teks as...