Jumat, 10 Februari 2023

MATERI 2. KELAS 9 TEKS ASIL OBSERVASI


TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

   πŸ’™Teks laporan asil observasi yaiku:  teks kang nerangake utawa ngandharake laporan ngenani asil observasi kang wis ditindakake marang sawijining barang, kahanan utawa objek tartamtu. 

 

πŸ’™Observasi yaiku: pengamatan utawa panaliten.

πŸ’™Tujuan anane teks laporan observasi yaiku: kanggo menehi informasi ngenani panaliten kang wis ditindakake dening paneliti (observer).

 

STRUKTUR TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

          πŸ’“  Dhefinisi umum/ Idhentifikasi: Yaiku perangan teks kang isine ngandharake pangerten           sawijining objek kang diamati/ditaliti.

 

                  πŸ’“  Dheskripsi Bagean/Klasifikasi:Yaiku perangan kang isine ngandharake kanthi jangkep bageyan-bageyan  saka objek kang diamati/ditaliti.

          πŸ’“ Dheskripsi Manfaat/Kegunaan: Yaiku perangan teks kang isine ngandharake paedah saka objek kang diamati/ditaliti.

 

Titikan Teks Laporan Hasil Observasi:

1.     Ngandhut fakta utawa kedadeyan kang sebenere.

2.     Asipat apa anane (objektif), bisa dadi sumber pawarta 

(informasi), lan gampang dipahami (komunikatif)

3.     Ditulis kanthi sampurna lan jangkep

4.     Ora ngandharake bab-bab kang ora selaras lan ngandhut prasangka.

5.     Bisa narik kawigaten para maos.

6.     Dicritakake kanthi basa kang becik lan cetha.

 

JINISE TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI

 

OBSERVASI PARTISIPATIF:

Yaiku sawijine kagiyatan ngamati kang panalitine utawa pengamate (observer) melu (terlibat) ing kagiyatan pangamatan.

 

OBSERVASI NONPARTISIPATIF:

Yaiku sawijine kagiyatan ngamati kang panalitine  utawa pengamate (observer) ora melu (terlibat) ing bageyan kang ditaliti.


SEMAKEN VIDEO ING NGISHOR IKI!


DOWNLOAD PPT --> KLIK DISINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SOAL ONLINE

Sawise sinau materi babagan Teks Asil Observasi. Coba garapen soal ing ngishor iki supaya bisa ngukur kaprigelan lan wawasan ngenani teks as...